Selasa, 26 Juli 2016

KUMPULAN CERITA JAWATEMA HOROR
Ditimbali Kanjeng Ratu Kidul
Manggone ing bangunan kuna tinggalan jaman Landa sing katelah Kamar Bola. Dijenengi Kamar Bola jarene merga dhek jaman penjajahan Landa biyen papan kono kuwi mujudake gedhung kang­go main bola sodhok utawa billiard. Sawise Indonesia merdika gedhong Ka­mar Bola iku banjur digunakake kanggo sekolah SMA partikelir, lan pener, Ben­teng Walanda banjur dibangun dadi Mas­jid Raya Klaten.
Bangunan Kamar Bola kalebu bangu­nan kang wingit. Akeh lelembut kang manggon ing omah kuwi. Ewasemono wong tuwane Bambang sak kulawarga ora wedi mapan ing seperangan bangu­nan kuwi minangka tukang kebon sing kejibah reresik lan nunggoni Kamar Bola sakpekarangane. Diwedeni maneka war­na lelembut, dikeloni gendruwo, utawa dipindhah mapane turu menyang papan-papan sing nylempit utawa ing wuwung­an omah wis asring dialami Bambang wiwit isih cilik. Nanging ya ora nda­dekake kapok, malah kaya-kaya bab kuwi kaya gegojegan.Prastawa iki dumadi ing taun 1976, nalikane Bambang isih bujang lan wong tuwane sing sithik-sithik ngerti carane nyrawungi alaming le­lembut isih sugeng.Sajroning selapan dina wis kaping telu Bambang ditekani pawongan kang nyandhang cara prajurit kraton nitih kre­ta kudha. Prajurit-prajurit kuwi ngajak Bambang supaya gelem sowan marang Kanjeng Ratu Kidul ing Kraton Segara Kidul. Nanging Bambang ora mangsuli. Saguh ya ora nulak ya ora. Wekasane ka­ping telu prajurit-prajurit sing ngaku utusane Kanjeng Ratu Kidul kuwi kepeksa bali nglenthung ora oleh gawe.
Nalika kedadeyan kuwi dicritakake marang bapake, bapake mbenerake si­kepe Bambang sing ora njawab panga­jake prajurit-prajurit saka alam gaib ku­wi. Sebab yen Bambang nganti njawab lan gelem melu mbok menawa Bambang ora bakal bisa bali mulih.Kaping telu utusane Kanjeng Ratu Kidul cabar ora oleh gawe ngajak Bam­bang sowan ngabiyantara. Dumadakan ing sawijining wengi, kira-kira jam siji nalika Bambang lagi teturon ing lincak teras omahe, ngerti-ngerti kok wis pin­dhah lungguh ing gi­sik­ing samodra Sega­ra Kidul. Banyu kang jembar alerap-lerap, ombak kang oyak-oyakan dhuwure sao­mah-omah, lan nu­wuh­ake swara jumle­gur yen padha tabrak­an, gumelar ing pang­arepane.Bambang dicandhak, diangkat mendhuwur kanthi entheng, banjur diuncalake sakayange menyang tengahe samodra sing lagi rob.Durung entek gu­mune lan durung ngan­ti kecekel ngira-ira posisine mapan ing perangane Segara Ki­dul sisih ngendi. Ora ngerti sangkan para­ne, dumadakan ana piyayi sepuh marani Bambang. Piyayi se­puh kuwi jenggote dawa wis putih kabeh, nyandhang pengang­go cara sunan jaman mbiyen, jubah lan serban sarwa putih, nggawa teken dawa gilap warna kuning emas.
“Mengku karep apa kowe tekan pa­pan kene?” pitakone piyayi sepuh kuwi.
Bambang kaget nampa pitakonan kuwi. Rumangsa dheweke ora sengaja mapan ing papan kono. Bambang banjur njawab sak kenane: “Kula namung pe­ngin ningali samodra Segara kidul ing­kang nembe rob.
“Ngerti samodra lagi rob kok malah ditonton. Apa Kowe ora ngerti bebayane? Ngertiya, kowe bisa kesaut ombak lan keseret alun tekan tengahe samodra? Yen kepengin slamet kowe sumingkira saka papan kene! Kana minggir ngadoh saka gisiking samodra sing lagi rob ngge­gilani iki!” prentahe piyayi sepuh kuwi ngeman marang keslametane Bambang.
“Mboten, Kyai, kula mboten badhe kesah saking papan mriki. Kula mboten ajrih sanajan ningali alun samodra ageng­ipun sakgunung-gunung,” wang­sul­ane Bambang mbeguguk ora gelem lunga.
“Dikandhani wong tuwa kok ora ma­nut. Apa Kowe njaluk tak uncalake ing tengahe samodra kana?” kandhane pi­yayi sepuh kuwi karo ngancam.
“Sumangga menawi Panjenengan kagungan kersa mekaten. Nanging kula tetep mboten badhe kesah saking papan mriki,” panantange Bambang.

Entuk wangsulan sing sajak nantang, piyayi sepuh kuwi kanthi praupan kang nandhakake lagi duka banjur marani Bambang sing isih lungguh sila ing wedhi. Bambang dicandhak, dijunjung dhuwur kanthi entheng, banjur diuncalake saka­yange menyang tengah­e samodra sing lagi rob. Awake Bambang kemle­yang tiba ditampani alun kang gedhene sakgu­nung anakan, banjur di­seret ing tengahe sa­mo­dra.Kedadeyan kang aneh ngelok-eloki dia­lami Bambang. Arep ora percaya, nyatane Bam­bang rumangsa nga­lami. Arep percaya, kedadeyan iki kok kaya mokal lan ora tinemu nalar. Nanging kabeh kuwi yen Gusti Kang Maha Kuwa­sa sing ngersakake, ora ana barang mokal sing ora esoh klakon.
Sawise diuncalake dening piyayi sepuh sing nyandhang kaya cara Sunan, Bambang weruh banyu Se­gara Kidul kaya mbiyak dadi rong pe­rangan kiwa tengen. Bambang tiba ing tengah-tengahe sing ora ana banyune. Wangune tengah-tengah kuwi mujudake dalan kang nuju ing Kraton Segara Kidul. Dalan kuwi dumadi saka lemah sing alus lan ora kena banyu. Garing ora teles. Bam­bang banjur mlaku tumuju regol kraton sing wis wiwit katon ing jarak udakara satus meter adohe. Sajroning mlaku nuju regal Kraton Segara Kidul kuwi Bambang krungu swara pating bengok ing kiwa tengen lan ing mburine Bambang. Swara-swara kuwi ana sing nyeluki jenenge Bambang, ana sing sambat-sambat njaluk tulung kaya swa­rane wong-wong sing lagi kerem keseret ombak.Ngrungokake swara-swara sing pa­ting bengok kuwi Bambang kaya meh ora kuwat, kepengin noleh banjur aweh pitulungan. Nanging Bambang sadhar yen swara-swara kaya mengkono kuwi biyasane mung mujudake panggodha sing yen dituruti mung bakal nyilakani. Pungkasane Bambang nggedhekake tekad kanggo terus maju sowan Kanjeng Ratu Kidul lan ora ngrewes sakehing swara panggodha senajan nangis ngre­rintih njaluk tulung utawa celuk-celuk jenenge memba swarane wong sing wis dikenal.
Tekan regol kraton kapisan Bambang dicegat prajurit jaga cacah loro sing siyap siyaga nggawa gaman tumbak lan tameng.
“Mandheg dhisik, Kisanak! Kowe arep mlebu Kraton Segara Kidul, apa keperlu­wanmu?” pitakone prajurit jaga sing bre­ngose sakepel.
“Kula badhe sowan Kanjeng Ratu Kidul. Awit sampun kaping tiga kula di­tim­bali Kanjeng Ratu, nembe saged so­wan sakpunika,” wangsulane Bambang.
“Yen pancen sowanmu merga ditim­bali tak paringi palilah, nanging kowe kudu laku ndhodhok. Ora kena mlaku nga­deg kaya wong ora duwe sopan san­tun arep ngadhep ratu. Lan Kowe ora kena dlajigan sakarepmu dhewe. Ngerti, Kisanak?”
“Inggih kula mangertos lan badhe ngestokaken dhawuh lan nggatosaken pesen Panjenengan,” wangsulane Bam­bang.
Bambang banjur mlaku ndhodhok tumuju Kraton Kidul. Ana regol cacah telu sing kudu diliwati Bambang. Telu-telune dijaga prajurit sing gagah lan nggawa gaman tumbak lan tameng. Sawise ngliwati regol sing kaping telu Bambang mlebu plataran kraton. Nyawang meng­arep Bambang weruh wewangunan kraton saka ngisor nganti ndhuwur, saka pondhasi nganti atap sirap bangunan kabeh katon putih sing digawe saka balung-balung manungsa sing ditata rapi. Senajan bahane digawe saka ba­lung menungsa nanging katon rapet lan pengkuh.Mlebu pendhapa kra­ton Bambang wis ditunggu Kanjeng Ratu Kidul sing lenggah ing dhampar ken­cana. Dhampar lenggah­ane Kanjeng Ratu Kidul dawane kira-kira karo te­ngah meter. Tanganane dhampar kaentha ukiran ula. Kabeh warnane ku­ning mengkilap digawe saka emas. Kanjeng Ratu menganggo sarwa ijo, rik­mane diore dawa ngagem makutha emas. Ing kiwa tengene Kanjeng Ratu lungguh dhayang-dha­yang patah sakembaran sing ayu-ayu rupane, umur kira-kira sangang taun. Kanjeng Ratu banjur ngawe Bambang supaya nyaket.
“Bambang, tekamu mrene pancen tak kersakake merga aku ngerti kowe bocah enom sing sregep tirakat lan laku prihatin. Nanging sadurunge aku wawan pangandikan karo kowe sing akeh-akeh, kowe tak keparengake mubeng lingkung­an kraton kanggo nonton­nonton kaha­nane Kraton Kidul kene.” Bambang matur sendika lan banjur pamitan arep nonton-nonton kahanane kraton.
Ing mburi kraton Bambang weruh ana dhapur kang jembar banget. Nalika mle­bu pawon Bambang kaget meruhi ana pawonan cacah telu sing gedhe – gedhe lan genine tansah murub amarga terus disugoni bahan bakar. Anehe bahan bakar sing kanggo ngurubake pawonan kuwi ora saka kayu utawa karet nanging balung-balung jrangkonge manungsa. Ing sacerake pawonan ana pasedhiyan tumpukan balung-balung jrangkonge manungsa sepirang-pirang sing siyap disugokake ing cangkeme pawonan sing katon panas geni mulat-mulat. Bambang rumangsa miris banjur age-age metu saka dhapur raseksa sing nggegirisi kuwi.Ing mburi dhapur katon ana paviliun sing akeh cacahe. Ana paviliun mligi kanggo wong lanang, ana paviliun mligi kanggo wong putri, lan uga ana paviliun mligi kanggo nom-noman setengah tuwa sing rupane bagus-bagus lan ayu-ayu. Lan sing gawe mirise ati ing kono uga ana bangunan gedhe kanggo papan panyiksan. Ing papan iki akeh wong disik­sa. Tangan dirante digantung munggah, banjur wong-wong sing mung nganggo kathok cendhak ireng kuwi awake saku­jur dipecuti nganti getihe mili pating dle­wer. Ganda amis nduleg irung. Jerit-tangise ngebaki ruwangan gawe melas wong sing ngrungokake. Bambang ora betah suwe-suwe ing papan kono, dhe­weke banjur metu.Sawise dirasa cukup anggone ngu­bengi lingkungan kraton Bambang banjur bali sowan Kanjeng Ratu Kidul. Kanjeng Ratu lan dhayang-dhayang patah sakem­baran isih lenggahan nunggu sowane Bam­bang.
“Kowe wis ngubengi kabeh lingkung­an kraton. Saiki aku arep nerangake apa sing wis kok weruhi nalika mubeng-mu­beng mau,” ngendikane Kanjeng Ratu sawise Bambang bali sowan ngabian­toro.
“Wong-wong sing ana paviliun mburi kae mau wong-wong sing kalap ing pa­pan kene lan tak kersakake dadi kawu­laku. Dene nom-noman bagus-bagus lan ayu-ayu ing paviliun sing kok weruhi mau bocah-bocah sing banget ditresnani ba­pak-ibune ngungkuli tresnane marang anak-anake liyane nanging tak kersakake dadi kawulaku ing kene. Ing kene nom-noman kuwi uga dadi abdi kinasihku. Mula wong-wong tuwa sing anake padha kalap ing kene ora perlu susah merga ing kene anak-anake iya entuk pangu­ripan sing kepenak.
Dene wong-wong sing
padha disiksa kae wong-wong sing padha wani nantang aku, lan padha dlajigan ing papanku, apa maneh padha tumindak saru ing papanku sing tak anggep suci.
Banjur wong-wong sing mung katon balung-balung jrangkong sing padha di­dadekake bahan bakar kanggo ngurub­ake pawonan ing dhapurku, kuwi wong-wong sing padha golek pesugihan ing tanah Jawa sing wis tekan janjine. Pan­cen kanggone wong­wong sing padha kepengin sugih kanthi gampang, ora gelem nyambut gawe kanthi rekasa, ing tanah Jawa kene iki wis tak gelar papan-papan kanggo golek pesugihan. Iki pi­nangka pacoban marang imane ma­nung­sa. Yen wong kuwi wis tekan jan­jine, wong kuwi bakal digawa mrene disiksa dadi bahan bakar pawon gedhe sing genine panas mulat-mulat kuwi mau, ngendikane Kanjeng Ratu Kidul njelasake werdine apa wae sing wis di­we­ruhi Bambang ing papan kono.
“Piye, Mbang, apa kowe kepengin sugih mblegedhu sarwa turah, nanging pungkasane dadi bahan bakar disugok­ake ing pawonan kaya wong-wong kae mau?” pandangune Kanjeng Ratu ma­rang Bambang.
“Mboten, Kanjeng Ratu. Kula mboten kepengin sugih yen samangkenipun na­mung dados hurub-hurub pawonan ing­kang sakelangkung panas. Kula trimah dados tiyang ingkang gesang cekapan, syukur tirah saged kagem sodaqoh,” wangsulane Bambang.
“Yen ngono aku mangestoni. Saban­jure aku marengake kowe bali nyang ngomahmu. Nanging welingku sing perlu kok gatekake: Sepisan, yen kowe kepe­ngin ketemu aku, yen ora dhong pinuju pisowanan aku bakal teka nemoni kowe. Syarate kowe kudu sesaji: sega putih, banyu putih, kopi pait, gedhang mas di­ga­we kolak ora nganggo gula, iwak ayam dhadha menthok, menyan lan merang pari ketan ireng. Kaping lorone, pesenku kowe mengko yen bali mulih sajroning njangkah 100 meter sanjabane regol, senajan krungu swara apa wae aja me­nga-mengo lan aja nyaut utawa mangsuli senajan krungu swara celuk-celuk je­nengmu. Wis saiki kowe tak tundhung bali saka papan kene. Aja kesuwen ma­pan ing kene, iki dudu papanmu!”
Sawise ngaturake gunging panuwun lan nyuwun pamit, Bambang enggal-enggal ninggalake Kraton Kidul kanthi laku ndhodhok nganti tekan regol sing pungkasan. Sawise ngliwati regol Bam­bang mlaku biyasa ing dalan sing kiwa tengene banyu segara ngilak-ilak kanthi ombak gedhe siyap arep nglelep dalan kuwi nanging ketahan sawijining tembok sing ora katon. Ing samburine Bambang lan sakiwa tengene keprungu jumerite wong-wong bengok-bengok njaluk tulung kaya lagi glageban keseret alun ombak samodra kang lagi rob. Nanging nuhoni welinge Kanjeng Ratu Kidul Bambang ora ngrewes swara-swara kuwi mau kabeh. Sakjane abot yen dirasakke nanging nge­lingi yen kuwi mau kabeh mung go­dha Bambang nahan rasaning ati. Lakune madhep mantep tumuju ngarep arah mulih nyang ngomahe dhewe.
Entuk 100 meter langkahe Bambang saka regol sing pungkasan, dumadakan ana angin gedhe sing tumiyup santer mbuncang Bambang mumbul angkasa. Ngerti-ngerti Bambang wis bali turon ana lincak ing emper omahe. Alhamdulillah Bambang ngucap puji syukur marang Gusti kang akarya jagad lan isih tetep nyayomi dheweke sawise nglakoni keda­deyan sing luar biyasa.
Seminggu sawise kedadeyan kuwi Bambang nemokake pusaka loro cacahe ing ngarep omahe nalika lagi mbukak lawang ing wayah esuk. Pusaka kuwi diwenehi jeneng Keris Kiyai Nagagini sing dawane kira-kira sangang senti meter lan Tumbak Kiyai Cacing Kanil sing dawa­ne kurang luwih wolung senti meter.



Jimat Kemule Wong Mati
Parman, priya umur 40-an taun. Nelayan saka Desa Kawunganten, Cilacap. Dheweke nekad ndhu­dhah kuburane wong mati, njupuk ke­mule saperlu didadekake jimat. Dheweke nganti nekad merga sanggan ekonomi kang nyepit kulawargane. Dhe­weke uga entuk inspirasi saka kancane kang saiki malih sugih kanthi dalan aneh. Sawise nyolong kemule wong mati Sela­sa Kliwon, kancane mau dadi sugih. Mu­la, Parman uga kepengin sugih kaya kan­cane iku. Merga durung ngerti, ing sawijining dina dheweke takon marang kancane, “Ge­neya kudu wong sing mati Selasa Kli­won?”
“Iki wis dadi syarat sing kudu diper­caya,” wangsulane kancane.
Sabanjure, Parman nganti pirang-pi­rang wulan anggone ngenteni lan ndhe­dhepi wong sing mati pas Selasa Kliwon. Sawise suwe ngenteni, pengarep-arep iku pungkasane bener-bener teka. Untung banget wektu iku, sebab sing mati bocah cilik. Kanthi mangkono Par­man luwih gampang anggone njupuk ke­mule jisim kasebut. Jebul njupuk lan ngrebut kemule wong mati iku totohane nyawa. Kejaba kudu waspada marang juru kunci kubu­ran, uga kudu mati-matian ing proses nju­puke. Nalika ndhudhah kuburane wong mati, uga ora oleh nganggo gaman apa wae. Dadi kudu nganggo tangane loro. Bab iki sing kudu digatekake, supaya rituale kasil. Yen taline wis ucul, kudu age-age narik kemul kasebut. Nanging na­rike kudu nganggo untu. Lan pira wae ukurane kemul sing bisa dijupuk, mula su­wekan iku sing kudu digawa bali dida­dekake jimat. “Kowe ora oleh njupuk bola-bali. Cu­kup sakenane wae. Untung yen kowe bisa entuk suwekan sing amba, saengga kowe bisa tambah sugih,” kandhane kan­cane ing sawijining dina.
Percaya apa ora, saben uwong sing nindakake ritual iki, dheweke kudu gelut karo mayit sing kemule arep dicolong mau. Iki pancen aneh. Ning mbokmena­wa wae mayit iku wis diangslupi dening roh jahat, saengga te­nagane bisa kuwat. Parman wektu iku be­ner-bener ora nyang­ka yen wong mati iku duwe tenaga kang lu­wih gedhe dibandhing tenagane manungsa urip. Nadyan sing di­ju­puk Parman kemule bocah cilik, ning tena­gane kaya wong di­wa­sa. Apa maneh yen sing dicolong Parman iku kemule wong di­wasa, genah dhe­weke ora bakal kuwa­gang. Ora mokal akeh wong kang ora sang­gup lan gagal nindak­ake ritual iki. Apa maneh yen sing nyolong kalah mung­suh wong mati, mula sing arep nyo­long bakal babak be­lur, malah ora se­thithik sing cacat awake merga diantemi dening wong mati. Yen wis entuk kemule wong mati, ke­untungan urip candhake bisa dikandhak­ake wis ana ing ngarep mata. Sapa wae sing duwe kemule wong mati bisa njaluk apa wae marang wong mati sing dico­long kemule.
Mula, sapa wae yen wis entuk kemule wong mati sing dijupuk saka kuburan nggunakne cangkem, sawise tekan omah langsung disimpen wae neng lemari, ngenteni wektu sing pas kanggo miwiti. Eling, kemule wong mati iku aja nganti diumbah. Carane nggunakake uga gam­pang. Kemule wong mati kasebut diga­we sumbu lampu teplok. Pas jam rolas, uga ing malem Selasa Kliwon, lampu kanthi sumbu kemule wong mati kasebut lagi disumet, sawise luwih dhisik nindak­ne ritual lan maca mantra. Sawise sumbu lampu iku murub, beluk saka sumbu kemule wong mati iku banjur ngluyur tekan ngendi-endi. Wong mati sing duwe kemul bakal ngambu beluk iku, lan lang­sung weruh ing ngendi kemule. Kanthi cara iki, bisa dipesthekne wong mati sing duwe kemul iku banjur mara menyang omahe sing nyolong kemul kasebut. Wong mati iku terus ngubengi omahe sing nyolong kemule lan njaluk bali kemule.
Wong mati sing kelangan kemul iku bakal nangis njaluk kemule dibalekake. Nah, ing wektu iku, wong sing nyolong kemule bisa njaluk apa wae. Bisa njaluk dhuwit, mas-masan, lan apa wae sing dipengini. Mula, nalika Parman nyoba sepisanan, dhe­weke mrinding, lan melu nangis. Ning kanggo urusan weteng lan eko­nomi kulawargane, ritual kasebut kepeksa dite­rus­ake. Wektu Parman nyu­wek kemule wong mati digawe sumbu, ana pe­rasaan liya kang dira­sakake wektu iku. Pera­saan itu tansaya ora ka­ruwan wektu sumbu ke­mule wong mati iku wiwit disumet ing jero ka­mare, banjur murub lan ngetokake beluk ngebaki ruwangan. Aneh, ujug-ujug saka arah cendhela kamar, ana swara tho­thokan kang dibarengi tangisan, sarta sambat njaluk pitu­lungan.
“Tulung, balekna kemulku, Pak! Aku kadhemen. Balekna kemul siji-sijine duwekku sing kok jupuk iku, Pak. Aku butuh … aja kok jupuk duwekku iku! Wenehna aku butuh, Pak!”
Mangkono swara bocah cilik sing ana njaba cendhela ngrerepa. Parman ngerti yen iku swarane bocah mati sing tau dijupuk kemule.
“Kemulmu bakal tak balekne, ning mengko yen aku wis duwe omah dhewe sing apik. Mangkane, kowe kudu mbantu aku supaya aku duwe omah apik sa­engga kemulmu tak balekne,” janjine Parman.

Ora let suwe swara iku ilang embuh menyang ngendi. Parman uga langsung mateni lampu teploke. Nanging apa kang kedadeyan saban­jure? Aneh, ning nyata! Ora let suwe Parman nemu dhompet kang isine mas-masan. Iki durnadi wektu dheweke arep budhal golek iwak menyang segara. Nalika didol dheweke entuk dhuwit meh 50 yuta. Sing uga ora masuk akal, suwene telung wulan asile golek iwak tansah akeh. Sasuwene dadi nelayan, dheweke durung nate entuk iwak kang akehe kaya ngono. “Tulung, balekna kemulku, Pak! Aku kadhemen. Balekna kemul siji-sijine duwekku sing kok jupuk iku, Pak. Aku butuh … aja kok jupuk duwekku iku! Wenehna, aku butuh, Pak!” Ing pethiting wulan katelu sawise nindakake ritual nyolong kemule wong mati, Parman bener-bener bisa klakon duwe omah dhewe kang lurnayan apik miturut ukuran ing kampung nelayan papan omahe. Nanging, Parman ora gelem mandheg tekan semono. Malem Jemuah Kliwon sabanjure dheweke nyumet lampu kanthi sumbu morine wong mati iku. Lelakon kaya sadurunge dumadi maneh.
“Tulung, Pak! Balekna kemulku. Aku ora tahan maneh, aku ora kuwat, Pak!” tangise bocah iku maneh. Parman uga janji maneh.
“Yen kowe pengin tak bantu, kowe uga kudu mbantu aku. Aku pengin sepe­dha montor anyar. Yen kowe bisa mbantu, kemulmu mengko tak balekne,” kandhane.
Swara iku uga ilang kaya digawa angin. Lan apa kang dumadi sabanjure bener-bener luwar biyasa. Tanpa dinuga lan dinyana-nyana, Parman nemu dhom­pet maneh isi mas-masan, saengga dheweke bener-bener bisa tuku sepedha montor anyar. Sabanjure, Parman tansaya percaya marang keampuhane jimat kemule wong mati kaya kang dicritakake Badrun, kancane. “Pantes, Ba­drun tambah sugih. Sa­jake yen pengin apa wae dheweke kari nyu­met lampu sumbu ke­mule wong mati,” batine Parman. Pancen, sawise du­we jimat iku pangu­ripane Parman owah drastis. Dheweke dadi wong kang cukup kon­dhang ing kampunge. Nanging, musibah pungkasane dumadi. Kompor gas kang kabe­ner digawe masak bojo­ne njeblug. Bojone ting­gal donya kanthi ka­hanan sakojur awake gosong. Separo omah lan isine uga katut ko­bong. Lungane bojone me­nyang alam kubur meh wae ndadekake Parman stres. Mula, dheweke banjur mbalekake kemule wong mati iku menyang kuburan.
“Aku yakin apa sing tak lakoni wis nekakake kutukan,” kandhane Parman. Dheweke ngaku lila dadi wong susah maneh, dadi nelayan.
“Aja pisan-pisan nyonto penga­lamanku iki. Iki mung dijupuk hikmahe wae, yen kabeh iku bakal bali menyang asale. Lan kabeh wis ditakdirne sarta digarisne dening Gusti Allah,” sambunge Parman kang bener-bener wis insyaf.
Pesugihan Bocah Cacad
“Ana rame apa ta Lis, kok abane arep ngundang prawan sa­kam­pung?”
“Alah, nggih namung nengeri Ndhuk niku lho Bulik. Adate nika nek pitu­las taun rak sweet seven teen. Kersane mboten nelangsa lan rumaos seneng larene!”
E, dadi Ajeng iku wis pitulas taun ta, aku grenengan dhewe. Mesakne bocah iku. Praupane ayu, mesthine nek normal ngono ya jan ngedab-edabi.
“Bulik nembe rawuh? King Bangil jam pinten, kok ngantos meh sonten dumugi mriki?” pitakone Sulis njugarake lamunanku.
“Jam enem-an luwih. Wong mampir Ka­rangkates barang.”
Bubar menehake oleh-oleh marang Sulis, aku ora nemoni wong tuwane, ning bali nyang Mbahe maneh, sing omahe ngarep persis omahe ponakanku.
Aku banjur nerusake lungguhan karo maratuwa kaya sakawit  sinambi ngen­teni bojoku adus. Dakdulu wadanane ibu katon saya sepuh, nanging rikmane ora ketara uwane lan ngendikane uga isih cetha senajan wajane suda.
Daleme ibu ya isih panggah kaya biyen. Omah ukuran 4 x 8 m. Temboke pu­tih. Kori lan cendhelane dicet biru. Kur­si tamune panggah jeglong tengahe, se­bab busane mimpes njaluk diiseni. Beda banget klawan omah ngarepan sing mung keletan dalan iku. Omah magrong-magrong tingkat loro. Platarane jembar rinengganan taman kebak kembang war­na-warni. Sepedhah motore ana papat. Mobile loro, padha irenge ning seje me­rek, siji Innova lan sijine Avanza.
“Nyawang apa ta Ndhuk?” pitakone Ibu
“Niku lho Bu, griyane Lis. Rumaos kula saya dangu kok nyelot sugih. Jane garwa­ne Lis sing niki niku nyambut damele napa ta?”
Ibu banjur crita yen gaweyane bojone Lis ngono ngabotohan. Adate wong nga­botohan iku cepak kalahe, adoh me­nange. Tumrap bojone Lis iki beda. Ka­lah, babar pisan ora tau. Menange mes­thi, gek nganti tikel tekuk. Wong sakam­pung ajeg gumun. Wong liyane padha to­rog tegal lan sawah, dheweke malah nam­bah lemah lan njembarake omah. Wong kampung nga­ra­ni yen Kani, bojone Lis, ora lamba.
“Wis gek ndang adusa kana Ndhuk, kae lho bojomu wis rampung!”
“Kula dhisik Mbah. Ibu mengke mawon!,” anak wadonku nyelani kambi terus mlayu me­nyang jedhing tan­pa ngenteni wangsul­an­ku. Embahe ya wis ora komentar apa-apa maneh, nuli nggu­yu nyawang polahe anakku.
Sholat Maghrib dak­jamak karo Isya’. Bubar iku aku nyang omahe Mbakku sa­per­lu ngrewangi Lis. Pranyata sing rewang akeh. Sing gawe jajan ana dhewe. Sing masak ana dhe­we. Sing gawe inuman ana dhewe. Ya wis Alhamdulillah, dhasar aku ora pati bisa masak, dadi ya mung kari ndelak-ndelok wae.
Ning nalika aku arep mbuwang hajat nyang jedhing, e lah kok ing kono ana kembang sundel saktekruk sing durung kejamah. Ya enggal wae gebogan kem­bang kasebut dakudhari lan dakpotong-potong gagange. Terus, dakgolekake tam­bahan godhong asparaga, voring, karo pakis ing taman.
Kembang-kembang mau banjur dak­rangke ing sajrone stoples-stoples tang­gung kang kaisi banyu sacukupe. Bubar iku, pirang-pirang rerangken kembang kasebut enggal dakseleh ing meja-meja. Sakala sakehing ruwangane dadi katon urip lan seger sarta ngganda wangi.
Ora krasa jam wis nudhuhake sewe­las luwih. Aku ngantuk banget. Pancen sa­awan ora kober turu, awit ngerneti bojoku nalika nyetiri Carry, mobil pribadi­ne. Aku enggal mangkat turu ing sepen mburi jejer pawon.
Krungu kabar mangkono, sakala aku tiba ndheprok.
Udakara jam loronan, aku wis tangi maneh. Kaya padatan ing omahku dhewe, aku enggal wae wudlu saperlu arep sholat wengi. Bubar sholat aku ngaji Surat Ar-Rahman mligi dakhadhiyahahe kanggo ponakanku sing sesuk ulang taun. Muga-muga Ajeng Puspitasari tansah pinaringan Rahman-Rahim-E Gusti.
Nedheng-nedhenge maca Al-Quran, dumadakan keprungu ngrenyinge bocah mothah kang ora cetha swarane. Karo tetep ru­kuhan, aku enggal me­nyat tumuju ruwang te­ngah. Mripatku jlalatan nggoleki asale swara mau. Aku samar yen ana sing lagi tindhihen, saengga kudu enggal di­gugah supaya ora ke­bacut bilahi. Bolongan kunci kamar padha dak­injen siji mbaka siji. Pi­nuju nginjen kamar ge­dhe ngarep dhewe, sa­cara reflek aku mbe­ngok sakayange. Te­rang wae penghuni ka­mar enggal metu nuli nesu.
“Eee … dados Bulik ta biang keroke. Layak, Ajeng kawit mau mo­thah terus lan ora ge­lem dakkeloni. Sinten sing ngangsali njenengan sholat teng griya kula. Pokoke, mengke nek ngantos wonten menapa-menapane, Bulik kedah tanggel jawab!”, Kanin enggal mlebu kamar maneh kambi mbanting lawang sora banget.
Aku nuli metu saka omahe Mbakku, te­rus nyabrang dalan tumuju omahe mara­tuwa. Aku nothok cendhela kamar ngarep. Bojoku tangi lan ngengakake lawang. Aku nangis. Bojoku kamitenggengen. Aku enggal dijak mlebu ngomah.
Bubar iku, aku crita sakehe apa kang nembe dakdulu. Bab Kanin kang turu saka­mar karo Ajeng. Bab Kanin ngeloni Ajeng tanpa awer-awer. Bab Kanin kang nesu banget nalika ndulu aku nganggo rukuh. Bab pangancame Kanin marang aku, lan sapanunggalane. Luhku dleweran mili ora kabendung. Aku nangis awit gela banget.
Aku uga matur Mas Ko, yen jejo­dhowane Kanin klawan Sulis iku ora tulus, ana pamrihe, lan kebak wewadi. Buktine, Kanin ing wengi iku ora nindakake saresmi klawan Sulis ning karo Ajeng, anak kwa­lone sing cacad. Aku ngyakinake Mas Ko yen kabeh mau mesthi ana sambung rapete karo kesugihane Sulis.
Esuk umun-umun, bojoku langsung tu­mu­ju omahe Sulis. Mripate bojoku ka­ton abang. Aku ora ngerti, abange si mri­pat mau apa krana kurang turu apa se­bab nesu. Aku uga ora ngerti apa sing arep ditakokake bojoku klawan Mbakyu­ne. Rada suwe bojoku ing omahe Mbak­yu­ne. Sawise metu saka kono, bojoku nemoni aku lan ngejak enggal bali mulih menyang Bangil. Aku ya enggal ngring­kesi barang-barangku lan nuli pamitan ibu maratuwa. Alasane bojoku, nembe entuk bel saka kantor, saengga Mas Ko kudu enggal bali saiki uga.
Ing sadawane dalan Blitar-Bangil, bo­jo­ku crita tanpa kendhat. Adate, yen nyo­pir ora nate omong. Gelema omong ya mung saperlune. Esuk iki jan beda ba­nget. Bojoku sajak cuwa marang Mbak­yune. Pranyata, Sulis uga ngerti apa kang wis mataun-taun ditindakake Kanin klawan Ajeng. Sulis ora bisa suwala, awit iku mujudake perjanjen awal nalika mangun bale somahe.
Sejatine, ibuku maratuwa wis nate ngo­mong marang Sulis supaya ngelik­ake bojone. Kanin iku nindakake pakone setan. Ning Sulis malah muring-muring. Malah sabubare mahargya ulang taune Ajeng mengko, Sulis ya wis ngidini ren­canane Kanin arep ngopeni bocah cacad loro maneh. Sing dipurih ya bocah wa­don sing ora bisa mandhiri. Sing cacade persis Ajeng (cacad mentale, ora bisa ndu­lu sarta ngomong, nanging isih bisa dirasakake madu kawanitane). Lan nggo njaga supaya si Wadon cacad ora keba­cut mbobot, mula ing saben dinane kudu diombeni pil KB.
Alhamdulillah dalane lancar, mula senajan isih durung jam loro aku sabrayat wis te­kan omah. Sawatara iku, tilpun omahku muni, “Kring .. kring .. !”
Tilpun enggal dakang­kat. Pranyata tilpun saka Mbakyune bojoku. Tilpun ngabarake yen Ajeng tilar donya tanpa sebab. Be­ba­rengan karo iku Kanin lumpuh total lan ora bisa ngomong babar pisan. Krungu kabar mangkono, sakala aku tiba ndheprok. Balung-balungku kaya di­lolosi. Aku keweden lan ge­meter. Aku kelingan pangancame Kanin, yen nganti ana apa-apane aku kudu tanggung jawab.
Ora watara suwe, bo­joku mlebu ngomah saka ruwang garasi. Mas Ko enggal marani aku lan ngangkat anggaku digawa menyang kamar. Aku enggal nyritakake apa kang mentas dakrungu. Dheweke banjur nguwatake atiku kanthi pangucap, “Dhik, kabeh mau dudu salah­mu, ning takdire Gusti. Gusti Allah Maha Rahman lan Rahim mring kabeh titahe, klebu marang Ajeng ponakane dhewe.”
Wis watara meh setaunan, aku isih du­rung dijak Mas Ko sambang ibune ma­neh ing Blitar. Kabar-kinabaran mung li­wat tilpun. Saka tilpun dakrungu kabar yen larane Kanin saya nemen. Waras ora lekas lan mati ora enggal pinesthi. Lelara­ne strok berat, banget ngentekake wra­gad, lan mbebeda sing lagi ngrumat. Sa­wah lan tegal sarta barang-barang omah­e ya wiwit mbrindhil diedoli kanggo mer­tamba. Senajan mangkonoa, aku isih du­rung dililani Mas Ko tuwi



Pitik Nyalawadi
Wonogiri  1995. Wayahe ngancik jam 1 bengi. Gerimis sing neba wiwit sore ora ana mandhege. Neng awak krasa atis, na­nging ora nyuda semangate warga dhu­sun Jatirejo sing nonton wayang. Hibu­ran bengi bangsane wayang ngene iki pancen dadi kesenengane warga. Ora preduli udan dilakoni. Lanang, wadon apadene bocah ora ketinggalan. Nalika iku ana salah sijining warga kang nang­gap wayang kanggo syukuran sunatane anake. Aku sing ora pati minat milih njing­krung ana njero mobil cikrakku. Penake mono njingkrung neng ngomah wae. Ning ora adil nek bocah-bocahku sing lagi ubet nunggu lan ngenteni bubare aca­ra kuwi tak tinggal. Amarga sound sys­tem sing kanggo wayangan iku duwekku lan posisiku saiki dadi sopire, alias nyopiri dhewe. Diman sing biyasane nyekel pagaweyan iki, wingi pamit mulih niliki desane sing rong taun kepungkur ditinggal. Ora maido yen wis kangen anak bojo.Rembulan mangsa rendheng ora tau katon. Swasana peteng ndhedhet. Mung lampu-lampune sing nanggap wayang wae kang kencar-kencar. Kewan-kewan wengi padha nyuwara klesak-klesik, gawe tentreming ati. Nganti ora krasa yen aku keturon.
“Mas njenengan tangi, Mas,” ana ta­ngan kang nggoyag-hoyag lengenku kan­thi alus.
Aku kaget, panyawangku rung katon cetha. Nanging suwe-suwe ketara yen sing nggugah mau Karta, salah sijining anak buahku.
“Apa wis rampung ta Kar?” pitakonku karo nguceg-uceg mripat.
“Sampun Mas nembe kemawon, se­da­ya prabotan pun jangkep lan sampun ditata nggen mobil. Kardi kaliyan Supri wangsul ngrumiyini, kantun kula kalih penjenengan,” kandhane bocah enom kuwi.
“Ya wis gek mlebuwa kene, selak ngan­tuk.”

Dalan sing tak liwati dadi peteng ndhe­dhet maneh. Anggonku turu luma­yan suwe tur kepati. Nyatane bocah-bo­cahku nganti rampung olehe ringkes-ringkes tanpa tak ngerteni. Lapangan wis sepi, wong-wong sing mau padha uyel-uyelan mung kari siji loro mlaku mulih nyang omahe dhewe-dhewe. So­rot lampu mobilku sing nuntun anggonku nglakoke setir tumuju omah. Pancen lumayan adoh jarak omahku karo desa sing bar tak tekani. Dalan sing tak liwati isine bulak-bulak lan sawah. Upa­ma ora ana kancane aku trima mulih sesuk esuk. Amarga aku kagolong wong kang jirihan. Karto sing pancen kekeselen anggone melek, wis tumuju alam ngimpi kanthi semendhe neng jok mobil.Setengah jam engkas kendharaan sing tak pancal iki bakal ngliwati tapel wa­tes antarane desa Jatirejo karo desa­ku Jatisari. Tapel watese arupa buk ge­dhe lan dawa. Olehku mlaku ora banter ya ora alon, tegese sedhengan. Arepa da­lane sepi lan blas ora simpangan karo kendharaan liya nanging pantangan yen liwat buk kuwi karo ngebut. Mula ya manut kandhane uwong-uwong wae.
Lagi arep ngliwati kreteg, ujug-ujug mripatku weruh sawijining kewan ana tengah dalan. Mobil tak rem lan mandheg 100 meter saka pang­gonane kewan mau. Bareng tak ma­take cetha yen ke­wan ku­wi awujud pitik putih kang gedhene sak jago bangkok Jawa. Batinku, kok neng dalan sepi kaya nge­ne ana pitik nong­krong. Omahe pen­dhu­dhuk isih sekilo saka panggonanku mandheg. Pikirku, paling pitik iki mau digacar luwak, na­nging lolos banjur mblasuk menyang dalan kene. Anehe kena sorot lampu mobil kok ya mung dhelog-dhelog? Apa rabun? Aku banjur nggugah Karto sing isih kepenak anggone turu.
“Wonten napa Mas, pun dugi ta?” pitakone gragaban.
“Galo tamatna Kar, ana pitik nyasar. Yen kowe gelem njupuk lak lumayan kanggo oleh-oleh Mbokmu neng omah.”
“Parak enjang ngoten kok nggih pun keluyuran saking kandang to Mas? Ajrih kula Mas, dilangsung mawon ngga,? pangajake Karto.

Aku manut wae. Mobilku tak lakokne ngliwati kewan mau. Diliwati kok ya ora nggiwar, tetep mbegegeg meneng neng nggon. Githokku dadi mrinding. Sebab tak sawang saka kaca spion pitik mau malih wujud dadi wanita dhuwur ngang­go sandhangan sarwa putih. Hiiiiiiiiiiii, gas tak genjot. Ora peduli mlaku pira baku bisa cepet-cepet oncad saka papan iku. Lambeku ndremimil maca ayat-ayat suci Al Qur’an sing tak isani.
“Lak nggih ta Mas, untung mawon mboten kepancing,” kandhane Karto bareng lakune mobil wis adoh saka buk.
“Hiya, coba sida dijupuk, terus pitike malih wujud dadi memedi neng njero mo­bil iki,” semaurku karo isih rada ndre­dheg.
“Ning setane ayu nggih Mas,” Karto glunyangan.
“Huss, arepa ayu ning nek dhemit sapa sing gelem?”

Lakune mobilku wis bali normal. Se­dhela engkas tekan ngomah. Karto njaluk mudhun sisan neng panggonanku. jarak omahe Karto cedhak karo omahku, wong ya dadi sak RT. Mbok wedok mbukak la­wang sawise Karto pamit merga tak se­mayani mbongkare momotan sesuk sisan.
“Kok nganti yahmene timen ta Pak?” pitakone sisihanku
“Lha rampunge pancen ya bengi Bune.”

Aku wis ra kober crita, merga ngan­tuke pol-polan. Bablas turu ben sesuk isa tangi gasik. Wayah nuduhake jam setengah telu. Olehku turu sajake kaya disirep, angler tenan. ADZAN Subuh keprungu saka mesjid cedhak prapatan. Aku tangi nindakake ke­wajiban, njur bali turu meneh merga awak krasa kesel. Tangi-tangi digugah Mbok Wedok dikon sarapan. Dhasar weteng luwe apa eneke tak sikat nganti tandhas. Anak-anakku wis padha budhal sekolah. Jam 9 anak buwahku padha teka, kle­bu Karto. Langsung mbongkari momotan sound system kang durung kaleksanan mau bengi. Ujug-ujug Karto celathu.
“Wah wau dalu niku jebule sing nunggu buk Mas,”
“Pa iya Kar, oleh­mu weruh saka sa­pa?” pitakonku karo melu iwut ngudhun­ake salon.
“Wau dalu kula crita dhateng simbah. Kula kalih penjeneng­an termasuke untung Mas, wewujudan kang ditemoni mbo­ten nge­girisi. Riyin nate won­ten tiyang kondur ja­gong, bon­cengan ti­yang kalih, lha nggih ditemoni pitik kados wau dalu. Dhateng ti­yang se­tunggale dipun pen­dhet. Lha bareng mlampah watara 300 meteran pitike ma­bur-mabur lan malih wujud pocong kang raine growong Mas. Tiyang kekalih meni­ka langsung mawon se­maput ngenggon. Esuk­e dipanggihne tiyang ngarit tesih ngglethak teng ngisor uwit, terus digotong teng omahe pen­dhu­dhuk sing cedhak mriku.”
“Kok ya enek-enek wae ta Kar. Nek kang­goku ya ora untung Kar, tetep wae neng ati wedi lan dheg-dhegan merga sak­jege urip ya lagi iki diweruhi le­lembut.”
“Ning lak ayu ta Mas?” ukarane mau bengi dibaleni maneh.
“Wooo … dhasar bocah enom. Ya wis jaken kenalan kana gek ndang dirabi.”
Gerrrrr …. anak buwahku padha nggu­yu cekakakan. Atiku nyicil ayem merga diweruhi pisan wae, dhemite ora nganggu kaya sing sakdurunge dialami wong sing dicritakake Karto.

Ruang Kuliah kang Nyalawadi
Taun 1991 anakku lulus saka SMA Negeri Lasem. Rekane mono ya kepengin melu-melu seleksi  SPMB (Seleksi Penerimaan Mahasiswa Baru) ing perguruan tinggi negri favorit. Ning sing ndhaptar akeh banget, cacahe nganti atusan ewon. Kamangka sing ditampa mung watara ewon wae. Anakku klebu sing ora ketampa, mula  gelem ora ge­lem kudu golek perguruan tinggi swasta. Lan sing dipilih anakku Universitas Mu­hammadiyah Malang (UMM) Jawa Timur.
Nalika samana kuliyahe isih ing Kam­pus II. Lagi oleh setaun banjur dipindhah menyang Kampus III sing gedhe lan jem­bar banget. Kampus anyar kuwi ngeng­goni lahan sing ujaring kandha wingit tur angker. Mula ing kampus mau asring ana kedadeyan sing terkadhang ora tinemu nalar utawa nganeh-anehi. U­pa­mane ana swara tanpa rupa, mambu kemenyan, ganda kembang lan liya-liya­ne. Tumrap mahasiswa anyar tur jirih, menyang ngendi-endi mesthi ngajak rowang. Sawijining dina dumadi umyeg anta­rane dhosen lan mahasiswa. Sing direm­bug bab keanehan ing salah sijining ruwangan. Sebab nalika arep digunak­ake kanggo proses perkuliyahan lha kok bangku lan mejane ruwangan mau pa­ting slengkrah, pating jempalik lan ko­car-kacir. Dadi kepeksa mahasiswane ba­reng-bareng nata bangku dhisik sadu­runge miwiti kuliyah.
Kedadeyan kaya ngono mau ora mung pisan pindho saengga ndadekakke judhege para dhosen lan mahasiswa. Mula  kabeh banjur bebarengen nglarah apa kang dadi penyebabe. Anakku kalebu sing entuk tugas iki. Sawise sawetara wektu nganakake panylidhikan, wekas­ane entuk dudutan menawa uger lampu­ne ruwangan iku diuripi bangku-bang­kune ajeg kocar-kacir. Suwalike yen lam­pune dipateni bangku-bangkune tetep tumata. Sawise mangerteni penyebabe, anak­ku sarta kancane sing kendel-kendel kepengin mbuktekake sapa sing wani gawe ontran-ontran kuwi. Wusanane pa­dha mupakat yen malem Jemuwah wanci tengah wengi arep ndeleng kahanan ing ruwangan kasebut. Ing dina kang wis ditemtokake anakku sakanca amping-amping ana pinggire lawang ruwangan kuliyah kasebut. Lampune sengaja ditog­ake murup. Bareng diinceng pranyata neng njero ruwangan iku ana saweneh­ing piyayi lanang kang lagi lungguh  kursi dhosen sinambi ma­ca koran. Korane dibeber amba sa­eng­ga  raine pa­wo­ng­an iku ketutupan.
Kanthi tekad kang gilig bocah-bocah nothok la­wang : “Thok, thok, thok, ……….”
“Sapa kuwi?” pi­ta­kone pawongan iku tanpa ngelih ko­ran sing diwaca.
“Kula mahasiswa ngriki Pak,” anakku mangsuli tatag.
“Mlebuwa, la­wang­e ora tak kan­cing.”
Semu wedi anak­ku dalah kancane loro mlebu ruwang­an.
“Nuwun sewu Pak, kula badhe nyu­wun pirsa,” kandhane anakku.
“Masalah apa?”
“Panjenengan menika sinten lan da­lemipun pundi, kok tengah dalu kados ngaten dereng kundur?”
“ Ooooo………kuwi ta. Ngene yen kowe kepengin ngerti sapa sejatine aku bakal dak dunungake utawa dak genah­ake,” wong mau meneng sedhela. Sa­wise unjal ambegan landhung banjur mbacutake omongane. ”Jenengku  Danu Semeru. Aku duwe sedulur lanang  je­nenge Praba Semeru lan sedulur wadon aran Anjani.”
“Lha samenika sedherek penjeneng­an wonten pundi?”
“Manggon neng omahku kene saiki ora bisa jenak awit akeh manungsa sing ngganggu-gawe.”
“Bapak kok ngendika bilih ing ngriki dalem panjenengan larah-larahipun ka­dos pundi?”
“Satemene kawit atusan atus taun kepungkur aku lan para sedulurku mang­gon ana kene. Wis rumangsa krasan lan tentrem. Nanging krana jaile para manungsa omahku di obrak-abrik nganti ajur  ndadekake bingunge atiku lan du­lur-dulurku. Terus arep manggon me­nyang ngendi maneh? Suwe anggonku milang-miling golek papan anyar nganti wusanane aku nemokake ruwangan iki lan dak enggoni gentenan karo dulur-du­lurku. Ewa semono senajan mung ciyut kok ya meksa isih ana manungsa sing gendhak sikara, tansah ngganggu gawe katentremanku. Mula sarehne aku rumangsa keganggu, yen wanci bengi lampu ruwangan iki diuripi aku gawe kisruh. Pamrihku kareben jalma ma­nung­sa padha sadhar lan ora terus-te­rusan ngganggu panggonanku iki.”
“Nuwun sewu, ingkang dipun maksud ngganggu punika kados pundi?”
“Sing tak maksud yakuwi nalika wanci bengi lampu kudu dipateni, amarga aku lan sedulurku kuwi ora seneng yen ruwangan kene padhang.”
“Ngaten nggih Pak, saking pamun­dhut­ipun para dhosen lan panyuwunipun kanca-kanca, panjenengan sakadang kanthi dhanganing panggalih kersaa nilar­aken papan ngriki.”
“Aku lan sedulurku bisa ninggalake papan kene nanging ana sarate yaiku kowe kudu bisa nggolekake papan sing padha rasane karo panggonanku saiki. Awit aku ora kuwagang urip yen ora manggon papan sing rasane persis karo ruwangan iki.”
“Nggih sampun kula sagahi. Namung kersaa ngetingalaken pasuryan panje­neng­an supados kula saged ngertosi kanthi gamblang panjenengan sawetah­ipun.”
“Yen  kepengin nyu­­­murupi raiku aja pa­dha kaget, amarga aku iki beda karo liya­ne.”
Bareng koran sing diwaca diudhun­ake je­bul sirahe pa­wongan iku ora ana alias mung gembung tanpa sirah. Kancane anakku wadon siji merga sa­king wedine sakala njerit lan ba­blas se­ma­put dadi layatan. Sabubare kadeyan ku­wi anakku lan kanca-kancane rembugan golek sra­na kanggo mindhah­ake Danu Se­meru lan sak sedulure me­nyang Gunung Se­me­ru. Anakku banjur golek wong tuwa sing dianggep mumpuni ing babagan ulah ke­ba­tinan mligine kang pinter nying­kirake bangsa lelembut kang manggon ing kam­pus UMM. Wusanane entuk wong pinter lan nyatane bisa mrantasi gawe ngresiki para lelembut kang nganggu ana ing kampus. Banget panarimane para warga kampus wektu kuwi wiwit saka mahasis­wa, dhosen nganti tekan rektor. Kuliyahe mahasiswa lancar tanpa diganggu gawe kedadeyan sing aneh-aneh.
Kahanan mengkono mau ndadekake bombonging atiku minangka wong tu­wane bocah sing wis tau digodhog pa­tang taun setengah ing UMM lan saiki wis bisa nyambut gawe kanthi mapan. Ya muga-muga UMM tansah kondhang kaloka awit ing saben taune bisa nglairake sarjana sujana kang limpad ing samuba­rang kawruh kanggo reh raharjaning na­gara. 



Setan Melet
malem minggu ngene iki penake mlaku-mlaku neng ngendi ya?” pitakonku marang kanca-kanca sak kerjowan.
“Piye nek neng Batu wae? Ana omahe sedulurku sing bisa disilih kanggo malem minggon,” Oni, salah sijine kancaku, usul.
“Wah sip kuwi, setuju! Mulih kerja wae ya budhale mrana!”  aloke kanca-kanca liyane mbungahi. Batu pancen nyenengake yen kanggo lelungan apadene liburan. Hawane adhem, sesawangane ngelam-elami.
Sidane aku sakanca budhal wanci surup samulihe saka kerjowan. Kanca-kanca wis dha entuk sangu, bayaran minggon saka perusahaan. Tur dening bose isih dipalilahi nggawa mobil kantor, dadi ora kelangan ongkos kanggo transport. Aku budhal bareng kancaku nenem lanang kabeh.
Neng perjalanan kanca-kanca padha ngobrol karo guyonan ngalor ngidul. Kadhangkala uga gojlog-gojlogan bab cewek. Maklum aku sakanca iki isih jomblo alias durung duwe pasangan. Aku dhewe iwut nyekeli stir mobil sinambi ngudud. Udan kang ceblok wiwit saka Surabaya durung terang nalika lakuku ngambah laladan Malang. Nanging malah mapan kebeneran awit dalan-dalan dadi longgar merga ora patiya akeh kendaraan sing semliwer.
Saka Malang munggah menyang Batu dalane uga sepi njalari lakune mobil sing tak sopiri lancar jaya.  Pas jam setengah sanga  aku sakanca wis tekan omahe sedulure Oni kang arep dienggoni nginep. Omahe lumayan gedhe, apik tur latare amba. Swasanane kepenak,  hawane adhem kathik cedhak pos satpam pisan. Aku nicil ayem awit kanthi anane pos satpam mau keamananku sakanca dadi luwih terjamin.
Jam semono mau isih akeh wong ider panganan sing wira-wiri. Mbuh soto, sega goreng, sate ayam utawa bakso. Nanging anehe, saben ana bakul panganan liwat lan tumoleh menyang omah iki lha kok mesthi mlayu karo sajak kamiweden. Ning aku ora patiya ngrewes,  tetep mbukak regol ngarep terus nglebokake mobil menyang plataraning omah magrong-magrong iku.
Sawise markir mobil, kene leren sedhela neng terase omah. Oni  mbukak lawang omah karo ngurubakae lampu-lampune. Bareng wis kena dileboni, barang-barang  kang ana njero mobil diusungi mlebu. Sinambi guyonan, aku sakanca seneng sebab bengi iki bisa refreshing menyang Batu.
Durung suwe olehku leren, kancaku kang aran Sigit kepengin mudhun maneh menyang kutha Malang saperlu arep tuku klambi. Jarene Sigit mumpung wis tekan Batu tur ana kendharaan nganggur eman nek ora diselangake dolan-dolan pisan menyang Malang. Pepenginane Sigit disarujuki Yusdi lan kanca liyane. Nanging aku aras-arasen melu merga saranduning badan krasa lungkrah. Mula aku banjur  ditinggal ijenan ana omah kene.
Salungane kanca-kanca, aku nyetitekake omah iki kanthi premati. Omah iki gedhe nanging singlu, njalari githokku krasa mrinding. Pas mengo nyawang menyang ngarepan  satpame  ngawe-awe ngundang aku. Satpam kuwi sajake arep omong karo aku nanging ora tak gubris amarga  awakku kesel banget. Lan maneh mripat iki kok sajake ora kena diajak kompromi, wong pancene ngantuk tenan.
Aku mlebu kamar langsung ngglethak njujurake boyok. Awak krasa lungkrah merga sedina mbetethet nyambutgaweneng pabrik. Ora krasa mak leess aku keturon. Embuh pira suwene anggonku ngliyep nalika lamat-lamat aku krungu swara gumrenggeng neng ruwang tamu, kaya swarane wong jagongan. Nanging mripatku  isih kelet lan angel kanggo melek. Rumangsaku terus ana pawongan mlebu kamar lan ngadeg neng sapinggire dhipan karo nggoyog-hoyog kasur. Ning ora dak rewes krana saking ngantukku.
Tengah wengi aku nglilir merga kebelet nguyuh. Aku gumregah metu saka kamar. Tak deleng ruwang tamu sepi nyenyet ora ana sapa-sapa. Cah-cah ki wis padha bali apa durung ya, batinku. Yen durung teka terus swarane wong jagongan neng ruwang tamu mau swarane sapa? Ning nek wis teka terus padha menyang endi bocah-bocah kok ora ana benene.  Apa kabeh wis padha turu?
Aku eling menawa aku lagi kebelet nguyuh, mulane banjur bablas menyang kamar mandhi. Sawise pipis aku  terus raup amrih raiku rada seger sethithik. Metu saka jedhing aku arep bali menyang kamar. Nanging saka kamar sebelah aku krungu swarane wong ngorok senggar-senggor. Ah paling-paling kuwi swarane cah-cah kang wis padha bali terus turu. Ning sapa ya kang ngorok banter kaya ngono kuwi?
Aku pingin ngerti sapa wae sing turu ana kamar kono. Kamar tak bukak, ning swasanane peteng merga lampune mati. Ana blegere manungsa sing gumlethak ana dhipan ning aku ora pati cetha sapa kang lagi turu kuwi. Saklar lampu tak urupake. Merga penasaran wong kang lagi turu mau tak cedhaki. Sikile tak dumuk, eh ndadak wonge tangi karo angop. Mak tlolor, ilate ceblok menyang jubin! Aku kaget, nanging arep mbengok rasane cangkem kaya dikunci. Tanganku sraweyan nganti ora krasa  nyenggol pigura foto. Pigura  ceblok ajur dadi sawalang-walang.
Dumadakan kaya ana tenaga kang nyurung aku. Aku njranthal mengarep. Mbukak lawang ruwang tamu  langsung mbradhat menjaba  marani pos satpam. E lha kok ndilalah satpame pas turu. Nengah-nengahi aku kebingungan lan kaweden ana bakul sate ayam liwat. Bakul sate tak endheg kanthi gupuh.
“Pak sampeyan mandheg dhisik,” alokku karo krenggosan.
“Wonten menapa ta mas, kok ketingale kados nembe diuber setan,” pitakone bakul sate mau ayem.
“Iya pak. Aku mau mentas saka ngomah kono, ndadak diwedeni dening setan ilat dawa.”
“Menapa kados ngaten,” ujare bakul sate mau karo melet. Mak tlolor, ilate dadi dawa nganti klengsreh lemah. Aku njola. Pet, sakala panduluku peteng,  ora krasa aku semaput.
“Jar, Fajar tangi! Ana apa kok kowe turu neng tengah dalan kaya ngene?” awakku krasa dihoyog-hoyog. Aku melek. Dak sawang  akeh uwong sing ngrubung aku. Bareng kesadharanku pulih aku banjur tangi. Diulungi banyu mineral, terus ditakoni werna-werna dening kanca-kancaku.
Sirahku isih rada ngelu nanging aku wis bisa nyritakake kedadeyan kang mentas dakalami. Wiwit diketoki setan ilat dawa ana kamar nganti mlayu mengarep lan ketemu setan ilat dawa maneh kang memba-memba bakul sate.
Sawenehing warga sing umur-umurane sewidakan taun banjur crita menawa omah kuwi biyen nate kanggo ngubur jisime pawongan kurban rajapati. Nalika omah kasebut direnovasi, kuburane kurban ora dikedhuk lan dipindhah menyang panggonan samesthine nanging malah disemen rosa.
TALI POCONG
Saploke ditemokake jisime priya umur-umuran 50 taun ing saping­gire dalan kang nyigar bulak desa, kahanan dadi umyeg. Para warga desa, klebu pulisi nduga menawa pawongan ku­­wi kurbane rajapati. Titikane arupa ta­­tu-tatu ing anggane kurban. Ning identitase priya iku durung diweruhi merga ora dite­mokake tandha pengenal babar pisan. Pulisi dadi kerepotan ngla­rah asal-usule kurban, katambahan  prau­pane kurban wis rusak.
Sawise ditunggu limang dina, layon kang dititipake kamar mayit rumah sakit mau tetep durung ana sing ngakoni mi­nangka kulawargane. Kamangka wis dibi­yantu sarana nggiyarake ciri-cirine kurban lumantar radio sarta koran. Mula layone Mister X mau banjur dikubur ing kuburan umum desa kawitan layon mau ditemok­ake. Rong ndina sawise jisime priya mau dikubur, bubar sholat Isya, Gi­man, Surat lan Kromo, warga desa ko­no, ngopi ana warunge Mbah Pujo. Si­nam­bi ngopi, tete­lune ngrembug per­kara jisim kang mentas dikubur mau.
“Terus piye kawusanane mayit sing dikubur dhek emben kae? Apa wis ana warga sing ngakoni yen kuwi kaluwarga­ne ya?“ celathune Surat.
“Ketoke durung, jalaran wingi aku kepethuk Pak Wondo anggota Polsek ngandakake manawa durung ana warga sing lapur kelanggan kaluwargane,“ tem­bunge Giman karo nyedhot rokok kretek klangenane.
“Sing tak gagas dudu masalah kurban kuwi wong endi, ning matine korban kuwi sing dadi pikiranku. Jalaran matine pas dina Anggara Kasih utawa Selasa Kliwon,“ cluluke Kromo gawe bingunge kancane.
“Yen matine nepaki Selasa Kliwon njur maknane piye, Kang?“ pitakone Gi­man durung mudheng karo sing lagi diko­jahake Kromo.
“Miturut kapercayan, tali poconge wong mati ngepasi Selasa Kliwon kuwi bisa di­man­faatake kanggo lambaran golek pe­sugihan,“ jlentrehe Kromo karo ngangkat sikile, jigang ana ing kursi dawa sing dilungguhi.
“Pancen bener omongane Kromo. Ujar­ing kandha sok sapaa sing ndudhah kuburane sarta bisa jupuk tali poconge, tembene ketunggon bandha bandhu. Cekake dipangan pitung turunan ora arep entek,“ Pujo bakul wedang melu nrambul rembug.
Layone priya tanpa identitase mau pan­cen ditemokake warga watara jam enem esuk. Lan adhedhasar papriksane dokter rumah sakit, kurban mati watara limang jam sadurunge. Ateges watara jam siji bengi lan mlebu dina Selasa miturut etungan wektu umum.
Swasana ing warung kopi mau saya rame bareng katekan warga liyane kang kepengin golek anget-angetan awak. Kenthongan gardhu ing cedhak omahe kamituwa Barna dithuthuk kaping rolas. Sing andhok sarta jagongan kari wong loro sawise liyane ndhisiki mulih merga ora betah adhene, kalebu rombongane Giman.
Awane Surat leyeh-leyeh ana sangi­sore wit trembesi sakidule kuburan. Pikir­ane tansah gronjalan sawise krungu crita­ne Giman ngenani tali pocong sing bisa marakake sugih. Apa iya sing dicritakake rowange mau bener? Yen bener, dhe­weke  banjur wiwit mikir  kahanan uripe sing sarwa kecingkrangan.
Bener dheweke ngingu we­dhus cacah sepuluh sing saiki lagi diengon. Nanging dheweke mung saderma ngingu saka nggadhuh we­dhuse Pak Guru Margo, tang­gane. Pak Margo  duwe wedhus cacah atusan, se­nga­ja digadhuhake warga kalebu marang Surat. Kang­go njejegake kendhil, Surat uga nyambi makarya adol bau kaya dene nukang, nguli lan macul ana  sawah. Pa­kar­ya srabutan mau dilakoni betheke amrih bisa kanggo ngingoni bojo sarta anake cacah telu sing isih semega.
“Pak sesuk telat-telate aku mbayar SPP lho, yen nganti kliwat aku ora oleh mlebu,“ celathune anake la­nang mbarep sing lagi man­cik kelas siji SMP.
“Karepe Kang Surat kepiye, apa sampeyan arep nindakake tindak culika colong jupuk umpamane ?!” celathune Surti santak karo mingset ngedohi lungguhe sing lanang.
Kuwi durung katambahan anake  no­mer loro sing ngringik njaluk ditukokake tas karo sepatu amarga jarene wis rusak sarta jebol. Durung maneh utangane blan­jan marang wlija sing dhek wingi nagih ma­rang bojone. Ya ora luput yen wlija mau nagih utang awit etungane pancen wis wayahe nyaur. Akehing kebutuhan mau asring njalari Surat  komet. Apa iya aku kudu nempuh dalan sing nalisir saka ang­ger-anggering agama? Ngono batine Surat. Nganti ora rinasa kringet adhem dleweran nelesi sarandune awake  sana­jan satemene hawane ora sumuk.
Gregah, lelamunane Surat ambyar na­lika krungu swarane wedhus sing di­ngon bengok-bengok. Bareng disitetek­ake jebul gulune wedhus mau lagi ke­pulet tali cangcangane. Ing imbang kulon  srengengene saya mudhun. Adzan Ashar gu­montang saka mesjid desa. Surat banjur nggiring wedhus- wedhuse diga­wa mulih sinambi nyunggi kranjang isi suket anggone ngarit.
Bengine nalika anak anake wis turu kabeh, klithih-klithih Surat ngguggah sing wadon saperlu diajak rembugan. Surat menehi isyarat sing wadon supaya metu metu saka njero omah.
“Kok sajak wigati baget ta Kang, nganti samar nek dirungu bocah-bocah?“ pitakone Surati jenenge sing wadon karo lungguh njejeri Surat ing sandhuwure lincak emperan omah. Kemul sarunge Surat  banjur dibrukutake awake sinambi golek ukara anggone mucuki rembugan.
“Apa ta Kang kok ora kaya padat­ane,”  sing wadon ora sranta.
Suwara manuk bence mecah sepine wengi. Miturut kapercayan, yen ana swa­rane bence pratandha bakal ana pa­wongan kang tinggal donya. Nanging Su­rat ora maelu karo gugon tuhon mau jalaran dheweke nduweni gagasan liya.
“Ngene lho Mbokmu, awake dewe iki rak wis suwe urip sarwa kekurangan. Paribasan asil dina iki entek dina iki uga. Puluh-puluh bisa tetukon, wong kanggo nyukupi mangane bocah-bocah wae isih kurang.”
“Lha terus maksude Kang Surat ?“ pitakone sing wadon karo ngglendhotake awake ing gegere sing lanang.
Gawang gawang lelakon kawuri ban­jur muncul ngegla ana ing sangarepe, na­lika dheweke nglamar Surti marang wong tuwane lan dheweke janji arep nyenengake Surti lahir batin. Manten anyaran anane mung sarwa seneng, pa­ri­basan donya  duweke wong loro. Ke­tam­bahan simboke isih kuwat menehi pangan sarta gelem kanggonan Surat lan Surati.

Nanging bareng simboke Surat ting­gal donya katambahan anake loro saya gedhe, sanggan urip sing maune ora pati dirasa saiki krasa abot. Isih durung bisa nata uripe, ndadak bojone keprojolan  anak katelu. Pikirane Surat saya ruwet. Bandha tinggalane wong tuwa sing ora mingsra wis diunusi kanggo ngragadi slametane simboke nganti  sewu dinane.
“Piye ta Kang ditakoni kok malah ngalamun,“ wuwuse sing wadon karo tangane nggebloki gegere sing lanang.
“Ah, ngene lho Ti upa­ma awake dhewe iki golek donya kanthi dalan nyim­pang kepiye?“
“Karepe Kang Surat ke­piye, apa sampeyan arep nindakake tindak culika colong jupuk   upa­mane ?!” celathune Surti santak karo mingset nge­dohi lungguhe sing lanang.
“ Ora..ora Ti, aja duwe panduga ala dhisik. Ngene lho …….“ wuwuse Surat nga­­ti-ati amrih sing wa­don ora salah tampa.
Surat banjur ngesok­ake uneg-unege ati. Wose dheweke nekad arep nem­puh dalan nyimpang, yaiku nyolong tali poconge kurban rajapati sing mentas di­kubur. Pungkasane Surati mung suma­rah marang trekahe sing lanang. Mung welinge supaya Surat njaluk piyandel ma­­rang wong tuwa sing dhuwur kasek­tene amarga apa sing bakal diniyati sing lanang kejaba mbutuhake kuwanen uga piyan­del.
Kaping pindhone Surati uga emoh melu nanggung akibate jalaran barang sing bakal dicolong mau duweke bangsa­ne lelembut sarta sanajan isih wujud layon nanging tansah diembani dening sukma kang klambrangan. Kabeh pan­jaluke sing wadon kabeh disanggupi de­ning Surat. Embuh amarga saka kepe­pete kahanan utawa rumangsa wis ora ana dalan liya kang bisa ditempuh.











Tikungan Tol
Tikungan tol ing kutha kuwi pancen ngemu wadi. Ora bakal bisa dijelasake nganggo teknik modern utawa panaliten ilmiah. Yen ta ana kacilakan paling mung kasebut “human error” utawa kesalahan pengemudi. Wajar awit dalan sing amba alus tanpa rintangan kaya ngono kok bisa nyebabake selip, njungkir walik utawa nabrak pager pengaman. Kamangka tikungan kuwi ora nekuk banget, lan uga wis diwenehi rambu peringatan saka Jasa Marga. Aneh nanging nyata!
Pikiranku dadi nglambrang ngelingi critane Sumedi kancaku, mbiyen minangka direkture kontraktor sing mborong mbangun dalan tol ing kutha kuwi. Crita nyata sing dialami watara sepuluh taunan kepungkur. Crita wadi sing mung disengker lan dikandhakake marang aku kanca rakete.
Sumedi priya sing uripe wis mapan, klebu golongane wong sing sukses. Minangka direktur utama kontraktor jasa bangunan skala gedhe. Ngayahi saka perencanaan gambar, konstruksi nganti bangunan fisik. Proyeke ngrambah ing sadhengah propinsi. Dhasare duwe rupa sembada, sisihan ayu lan anak loro tataran sekolah SD lan SMP. Urip padinane sarwa mubra-mubru. Kenggonan bandha donya kadhangkala bisa nyebabake paraga malik tinggal. Sumedi sing maune lembah manah, banjur lali marang asale. Sumedi malih kongas. Seneng nyepelekake liyan, utamane marang sing posisine luwih endhek utawa kesrakat. Dheweke ngelak pangalembana lan nempuh cara apa wae kanggo nggayuh kekarepane.
“Bapak….pembangunan penataan medan di seksi C banyak mengalami hambatan serius”, lapurane Tigor Batak, pelaksana lapangan pembangunan dalan tol.
Sumedi sing nampa lapuran mung nglikrik kurang kawigaten.
“Kamu kok seperti baru kerja kemarin… hal gituan kan sering kita temukan. Hubungi saja beking-beking kita…kan beres. Kenapa kau bingung sampai harus kesini ?!”. Sing disebut beking-beking kuwi para “paranormal”, wong-wong pinter sing kerep disraya dening perusahaane Sumedi kanggo “ngresiki” papan sing katerak proyeke.
Tigor kukur-kukur sirahe sing ora gatel, kupiya kuwi wis diayahi. Nanging prastawa aneh ing lapangan ora bisa disingkiri, kepara malah tambah ndadra. Begu sing kanggo ngepras pereng, ora bisa mlaku. Sanajan mesine sehat. Buldozer mogok dadakan, tukang lan mandhor genti-genten semaput ngenggon. Wis telung ndina iki proyek awal kuwi durung bisa diayahi. Mligine ing papan sing kacithak ing kar peta tikungan dalan tol iku. Para “paranormal” langganan kuwi wis nyerah angkat tangan. Saka panrawangane, papan kuwi minangka punjering kadipaten lelembut. Malah sinebut tlatah kadipaten kuna sing murca. Tigor nyoba nerangake kanthi tliti kahanan lapangan. Nanging Sumedi tetep kukuh “tidak mau tau”. Awit ing saben proyek sing ditangani, senajan ana kadadeyan madha rupa, nanging kanthi gampang dituntasake.
RUWANGAN khusus kuwi wis kebak dening pengusaha lan selebritis papan atas, klebu Sumedi dhewe. Pengusaha-pengusaha kuwi racake teka ijen, ing kono lagi dikancani kenya-kenya bokingan. Dene yen pengusaha wanita, mesthi dikancani lan diladeni priya mudha pilihan sing disebut gigolo. Sumedi sing lungguh rada mojok nyandhing kenya sing wis dijanjekake. Kenya sing ngaku jenenge Shanti iku wanita model pilihan. Penampilane lan dedeg piyadege selaras milangoni, gemebyar lan sexy nyandhang penganggone.
Pandom arloji Rolex nuduhake angka sewelas, wanci nyedhaki tengah wengi. Sumedi nggandheng kepara ngrangkul Shanti metu saka pub. Alon BMW-ne ninggalake parkiran, nggleser tumuju njaban kutha. Nuruti pangajake Shanti kepengin pepasihan ing papan sepi alam terbuka, nanging ora ing pesisir. Papan sing dipilih ing gumuk pegunungan sakidule kutha. Milang-miling ora krasa yen mobil kuwi tumuju papan rancana tikungan dalan tol sing lagi diayahi. Pangrasane Sumedi, papan kuwi asri banget senajan kinupeng gumuk. Sumedi markir ing papan sing dirasa kepenak, mbanjur ngajak Shanti pindhah menyang jok mburi. Shanti mesam-mesem lelewa nggregetake, iki saya nambahi ubaling krodha asmara.
Sumedi lali posisine minangka boss sing kinurmat. Wanci kuwi polah tingkahe kaya macan gembong entuk mangsan. Ngruket greget lali empan lan papan. Shanti sing wis setengah nglegena kuwi saya lelewa. Sumedi saya bureng waringuten, lan nalika nedya nuntasake wirama asmara, dheweke kaya dilarak peksa dening paraga pengkuh prakosa. Dilarak lan dibanting metu saka mobil. Glangsaran kaget nedya bangkit, nanging malah dijongkrokake saka mburi dening paraga liya sing ora kalah prewira. Krungkeb ing lemah, kruget-kruget ndengengek. Ing ngarepe wis ngadeg malang kadhak paraga gedhe dhuwur prakosa, godheg wok simbar jaja. Nggereng paraga sing menganggo cara kuna. Nyandhang kaya kethoprak ing lakon Majapahitan. Kiwa tengene prajurit-prajurit ngligan gaman landhep.
Dheweke ndlongop dikepung dening prajurit atusan kanthi gaman ligan. Gemeter kaget keweden lan semu kadhemen amarga ragane wis nglegena.
“Hmmm…iki ta genjik sing dadi pangarsane menungsa-menungsa murang tata. Menus sing padha dlajigan nungkak tata krama ing kadipaten kene. Heee… sapa jenengmu bedhes elek !”, sora pangandikane Sang Adipati.
Brooll kringet sakjagung-jagung gemrobyos ing sakranduning awak. Sumedi groyok anggone mangsuli. Kabeh pitakone Sang Adipati dijawab kanthi blaka suta, klebu anggone kongkonan para paranormal kanggo ngresiki calon dalan tol mau.
“Ingsun nyraya putriku kanggo mancing lan nglarak sira bedhes elek. Ing papan iki ingsun bakal paring pengadilan. Sira bakal sun pidana kisas, awit wis wani gawe rusak wewengkon ingsun. Uga gawe kapitunan marang kawulan ingsun. Ukum kisas sarana diiris mbaka sethithik sarandune ragamu, sawise banjur dikeceri banyu cukak asem genti genten. Kabeh kawulaku sun utus ngisas sira. Prajurit, dirangket lan dicancang menus iki ing wit ringin alun-alun kae.!!”.
Sumedi ngglolo sambat njaluk ngapura, ngrerepa minta kawalesan supaya ora dipilara. Nyembah-nyembah njaluk pambiyantu marang putri sing sinebut Shanti mau. Alon putri mau nyembah maju lan matur :
“Punten dalem sewu rama…menapa sakinten wonten cara sanes kangge meksa dhateng paraga menika, nanging mboten sarana dipun kisas. Antawisipun…” Lirih ature ora keprungu liyan. Sang Adipati manthuk-manthuk ndhahar atur putrine.
“Heeeh sira Sumedi…. sun paring wektu marang sira, nanging iki dudu pangapura… sira tetep nandhang luput, kang bisa sun pidana sakwanci-wanci. Ingsun paring palilah sira nerusake pakaryanmu nrajang alun-alun kadipaten. Nanging sira kudu nglestarekake “ringin” kae, lan yasa taman asri. Pemundhut ingsun yen ta mengko dalan yasanmu wis dadi, ingsun mundhut wadal pitukon saka sira. Nyawa siji tuwa utawa anom ing saben wanci purnama sidhi kaya wengi iki. Wadal tumbal mau bakal dadi nyawiji ing kadipaten kene, minangka kawulaningsun. Yen sira ora saguh, saiki sira ingsun pidana kisas lan kabeh kulawargamu!”.
Trewaca pangandikan sereng saka Sang Adipati. Saya dhengkelen keweden Sumedi nganti ora bisa ngucap.Sakwise bisa nata pikir lan aring napase dheweke matur : ”Kanjeng, kula kantun sumangga karsa, sampun ngantos kula sakulawarga dados tumbal. Nanging prayogi mboten ngawistarani ing saben wulanipun…eh…uh”. kangelan anggone arep walaka matur. Nanging Sang Adipati kaya wis ngerti arah pikirane Sumedi. Nandhes pangandikane :
“Yooh… ingsun ora bakal mundhut saben wulan… nanging ingsun wenang mundhut dhewe, sethithike rolas nyawa saben warsa. Lan sira aja nyoba-nyoba golek perkara maneh, kanthi crita marang liyan bab “perjanjen” iki. Yen ta sira cidra janji… aja takon dosamu… sun tumpes sak cindhil abangmu.”
Sakbanjure Sang Adipati ngebutake kipase ngarah badane. Sumedi mental nggeblag kapidara ora eling, semaput ngenggon. Dina esuke geger swasana ing ngisor proyek. Bos Sumedi ditemokake gemlethak wuda ing lemah proyek ngisor gampeng gumuk, ora adoh saka mobile. Sing dadi rembug karyawan proyek, kapan mobil kuwi bisa mlebu wewengkon proyek. Portal isih gembok kuncen, tur yen mobil kuwi mlebu mesthine ana sing ngonangi. Jaragan kabeh satpam lan karyawan sing turu ing barak ora ana sing meruhi kemliwere BMW kuwi. Aneh nanging nyata. Sakwise diupakara Sumedi bisa sadhar.
Sakbanjure dheweke weling marang para karyawane supaya ngati-ati, ora kena sembrana makarya ing laladan calon tikungan dalan tol kuwi. Nggoleki papan wit ringin, ditemokake wit ringin bonsai sing nemplek ing gampengan calon tikungan. Ing papan kuwi Sumedi kongkonan gawe taman sing asri, kanthi pawadan njaga kaendahan lan pemandhangan menawan marang para bakal pengguna jalan tol. Pawadan sing tinemu nalar, kanggo nyingidake “perjanjen gaib” kuwi. Embuh saka beban pikir sing abot, Sumedi nerak wewaler nyritakake lelakone marang aku, kanthi piweling kaya kasebut ing ngarep critaku iki. Saiki Sumedi wis pindhah ing ibu kota, lan usaha jasa kontraktore saya ngrembaka. Malah sebagiyan proyek ing dhaerah, diondherake marang aku.



Nyasar Nang Kuburan
          Sore iki hendy lan pacare mlaku-mlaku ng plaza legi ning mbungah. Moro2 pacare hendy njaluk putus teko hendy truz wedok.e lngsung mirih.
Sudrun       : Yang, mne ayo mlaku2 kyok ngene mneh yo ?
Markonah   : mbuh, EH aku njaluk putus karo awakmu
Sudrun       : pean guyon yo yang ??
Markonah   : Igak aku serius
Sudrun       : Lho pean kok moro2 dadi ngunu ?? Ono opo yang ??
Markonah  : gk ono opo2 aku mek gak gelem nduwe bojo seng ora nduwe
penggawean. aku gak gelem kere mene lek wes kawin.. Pokok.e    Loe Gue End ( lngsung mirih )
Sudrun   : [ng njero ati karo nangis ] ya allah gek pacaran sedino wes diputus nasib2

          Bengi.ne hendy mlaku2 karo mendem Gara2 galau tingkat dewo dadi gk ero de’e iku mlaku wes tutuk ng ndi.. Trus onk wong mlaku ngandani hendy lek de’e wes ape tutuk kuburan ng di kongkon mbalek polae kuburan iku angker,e pol
dodol sate : Nduk2 eh salah cung2 ojok mrunu iku kuburan ng kunu angker.e Poll.
Sudrun   : Awakmu Sopo kok wani.ne ngandan-ngandani aku
dodol sate : Ywes cung lek ra knek dikandani ( masang rai mrengut )
Sudrun   : ( ngelanjutno mlaku karo sempoyongan )
dodol sate: [ ng njero ati ] arek ng gk iso dikandani awas nko knek watu.ne Tak kapok.no awk.mu

          Pas wes tutuk ng kuburan de’e nyawang onok lungguhan Gk atek mikir de’e lngsung lungguh. de’e gk sadar lek sing dilungguhi iku kuburan.e wong. Trus onok akeh setan2 seng lewat di celuk.i karo hendy
Sudrun    : eh pocong rineo cong aq pingin curhat ng awak.mu cong
Pocong : (mencolot2  marek ng hendy ) karo nggereng2
Sudrun  : cong aku mau sore diputusno karo pacar.ku cong padahal  gek pacaran sedino iku cong.

[ polae iki crito humor setan.e engko podo iso ngomong ]
Pocong : aku mesakno karo awakmu cung keepo lek awakmu bunuh ndiri kyok aku
Sudrun   : yo moh lo cong aq sek pingin nggelek pacar mneng kok eh lek pingin pacar akeh iku keepo      cong
Pocong : lek iku gampang macak.o kyok wong sugeh lek metu karo pacar nyelang speda koncomu mbek pacar.mu ojok oleh ng omah.mu cek gk keroan mbucuk.i .iki wes tau di tes ng ITB karo IPB dadi   ampuh
Sudrun   : suwon cong awk.mu gelem tak curhati
Pocong    : podo2 mne lek wes gk kuat ojok lali bunuh diri
         
Gak suwi Hendy nyawang kuntilanak trus kuntilanak.e diceluk
Sudrun   : eh rineo ti kunti aku tak curhat ng awak.mu
kuntilanak : arep curhat opo awak.mu [ karo ngguyu cekikikan ]
Sudrun   : ojok diguyokno ta ti kunti
kuntilanak : sopo seng ngguyokno awak.mu aku pncen kyok .ngene
Sudrun   : wes mbuh ti kunti aku gk percoyo
kuntilanak: ywes lek gk percoyo [ karo ngguyu cekikikan ]
Sudrun   : loh mneng gk sido curhat aku mirio

          Kunti.ne mirih disusul karo hendy yo ilu mirih de’e mbalek ng omah trus sadar lek mau omong2an karo setan
Sudrun   : loh aq mau ng ndi kok omong2an karo setan mbuh lah pkok.e


Legenda Nyi Blorong
Pancen priyantun Jawi salajeng hubung-hubungke samukawis kaliyan hal mistis. Ingkang langkung dahsyat malih kapitadosan legenda Nyi Blorong. Ngantos-ngantos produser film ugi mboten kresa kasoran kaliyan fenomena kesebat ngantos ngasta film kanthi dipunkartikani Almarhumah Suzzana. Pancen leres, Jin ingkang kagungan wujud separuh sawer ugi sakageman malih manungsa. Nyi Blorong panitados dados pipinan paling kiyat wonten kenalendran lelembut samodra kidul. Kaliyan kasektenipun, Nyi blorong dianggep sagah paring saben panyuwun manusia ingkang nyuwun pitulung tumrap piyambake. Anangeng saktemene kedadean menika namung dados salah satunggaling cara jin kagem ngilangake iman lan ketaqwaan manungsa.
Menawi Kanjeng Ratu Kidul salebetipun menika dipuntepang dados panguwaos ghaib keraton segoro kidul ugi Nyi Roro Kidul dados Ajudannya, mila Nyi Blorong dipuntepang dados salah satunggal panginggil wonten jajaran keraton segoro kidul ingkang gadah kasekten ingkang linangkung. Amargi kelinangkunganipun punika ugi Nyi Blorong keanggep saged nuruti saben penjaluki manungsa ingkang nyuwun pitulung.
Legenda nyi blorong dalam bahasa jawa ingkang kawujud tiyang setri kaliyan salira sawer punika pitados bilih saged ndhatengaken pesugihan kagem priyantun ingkang sekuti kaliyan piyambake. Rupa Nyi Blorong ingkang dados sapriyantun ratu kaliyan klambi tradisional ingkang katon serasi punika sakasinggihanipun ngrupikaken perwujudan saking sosok Nyi Blorong. Amargi kasektene, Nyi blorong saged ganti rupa kanthi sanalika. Sakasinggihanipun, nyamping sulaman benang jene ingkang dipunagemipun punika yaiku wujud saking saliranipun kageman ngandap ingkang wujud sawer denawa.
Mungale, wonten ndalu wulan purnama Nyi Blorong badhe ketingal tambah endah, ugi tuah kesaktenipun dados langkung sekti. Tuah kesaktian punika piyambak, badhe ndukung wujud kendahanipun. Sayangipun, tembe wulan purnama miwiti surut, panjenenganipun badhe enggal nampak kaliyan wujud sejatosipun nggih menika jin ingkang anggadahi wujud setengah sawer.
Temtu kita sedaya nggalih saupakara waluya, banda pancen nalendra sayangipun sanes samukawisipun. Pancen kaliyan banda kita sedaya saged mujudtaken samukawisipun. Ananiging kebagyan sejatos diukur saking ngantos dugi pundi kita sedaya puas ugi bersyukur sanes saking banda ingkang kita gadhahi. Namung dhateng Allah SWT ingkang mentis samukawisipun kita sedaya nyuwun... Amien.


Tukang Golek Kayu Sek Ragu-Ragu
Ana sawijining pemburu sing kasil manah menjangan gedhi ning alas, banjur menjangan digendong arep digawa mulih. Ndilalahe neng tengah ndalan dheweke weruh Gajah lemu sing lagi leyeh-leyeh ning ngisor wit gori. Pemburu ngetokke tombak banjur nginceng Gajah lemu kuwi.  Ananging  sakdurunge tombak dioncalake, Gajahe tangi,  marani Pemburu terus nggubet awake pemburu nanggo tlalene. (Majda Yulianingrum)
Si Pemburu  diangkat banjur dioncalake sak kayange ngantek keceblung jurang. Nanging sakdurunge kontal, tombake pemburu sempat ditancepke ning jantunge Gajah.  Si Pemburu mati kejegur njurang,  nanging Si Gajah uga mati amarga jantunge kena tombake Pemburu.
 
Ora sakwetara suwe ana tukang golek kayu, jenenge Prendis sing mara ndana arep negor wit gori. Weruh ana bangke Menjangan lan Gajah dheweke dadi gumun. Wasan mikir-mikir dheweke ngira menawa Gajah lan Menjangan mesthi wae bar kerengan terus loro-lorone mati. Prendis pengen nggawa bali sungune Menjangan lan gadinge Gajah. Nanging dheweke ora kuwat  nggawa loro-lorone. Kudu milih salah siji.

Saiki Prendis bingung arep milih sing endi.  Sungu Menjangan apik banget yen dadi pajangan ning ngomah, nanging gading Gajah payu larang yen di dol ning kutho. Mengko nek nduwe duwit dheweke iso kelakon ngajak kanca-kancane sakdesa ngiras ning Bakso Bangjo, kidul Pasar Bantul. Wis suwe dheweke nduwe kepinginan jajan bakso malang sing komplet jenis baksone lan mantep rasane. Mbiyen wis tau ditraktir Pakdhene nang kono, saiki Prendis wis kangen banget pengen mangan meneh. Mengko mulihe dheweke iso tuku sarung lan klambi anyar ning Toko Ijo Pasar Bantul.
 duniashinichi.blogspot.com
Dasar Prendis, dheweke ketungkul wira-wiri ndelok menjangan, bar kuwi marani Gajah. Bingung nimbang-nimbang endi sing luwih nguntungake menawa digawa bali. Saking bingunge dheweke wira-wiri kawit awan nganti sore ora iso mutuske. Penyebape amarga Prendis rumangsa abot kelangan salah sijine. Owel lega lila ngeculke salah siji. Majda Yulianingrum

Wayah lingsir wengi dumadakan ana suara Macan sero banget. Ayake Macan wis tangi turu terus ngambu ana daging sing siap dipangan. Prendis wedi banget krungu suara macan, banjur mlayu njrantal ninggalake gading gajah lan sungu menjangan.  Cita-citane arep njajakke kanca-kancane ning Bakso Bangjo kidul Pasar Bantul lan tuku klambi ning Toko Ijo ora sido kelakon amarga ketungkul ragu-ragu (Undil-2012)



Memedi Kuntilanak Abang
Embuh amarga ketidaktahuan para pembina sing dadi pembina kemempengan pramuka sma padanwangi utawa amarga kelalenan dekne kabeh sing gamblang nang wayah anak-anak kelas x sma pandanwangi nglakoke kemempengan persami ijin nang mituwa sapanggon ora dilakoke.
Saka awal kemempengan nyat wis kedelok keanehan lan kejanggalan kedadean neng sekitar bumi perkemahan kesebut. Anyak saka ketekan rombongan pramuka sing disambut karo kabut kandel nganti mudhune udan pas cuacane panas banget.
Ning cerkak bahasa jawa horor menakutkan mangkana rupane pertanda alam ora akeh dingerti saka para rombongan arepa pembina pramuka sma pandanwangi. Kemempengan tetap dilakoke padha karo rencana sing wis dijadwalkan. Nahasnya kisah sing dianggep mitos saka sakanggonan wong ngenani memedi kuntilanak abang sing dhemen mekewuhi para rombongan pramuka ora dibecikna saka pembina pramuka.
Bener wae, pas tengah nglakoke kemempengan jeris bengi sawong murid sisan anggota pramuka ngalami kerasukan, sakwise siuman siswa kesebut ngaku menawa ditekani saka sawong wedok ngrambut dawa lan nduwe rai seram mawa macak arupa abang.
Sontak para pembina kepikiran babagan memedi kuntilanak sing kerep diceritoke masyarakat sapanggon sing maune dekne kabeh anggep dadi mitos lan hoax samata.
Salah siji pembina ngusulake kanggo nggoleki bantuan marang para tetua sapanggon utawa mituwa neng wilayah bumi perkemahan miniwana kanggo ngewangi dekne kabeh ben memedi kuntilanak ora meneh berulah lan mekewuhi kemempengan dekne kabeh.
Ning dewan pangarep pembina nganggep menawa usulan kesebut ngrupakne usulan kosong sing ora butuh dilakoke lan kapikir.
Amarga wis dadi keputusan dewan pembina mula kemempengan perkemahan tetap dilakoke nganti akhire bali kedadean kadadean ngimbokake sisan mengerikan. Hampir kabeh siswa sing meloni kemempengan kemah kesebut khususnya siswa wedok ngalami kesurupan sacara barengan.
Kesurupan masal kesebut nggawe situasi tambah rusuh nganti meksa dewan pangarep pembina mudhun menyang pangarangan para warga lan njaluk bantuan dekne kabeh kanggo marekake para pamawa perkemahan saka keslupan makhluk gaib.
Sakwise dilakoke macem-macem upaya lan upadi mawa doa saka tetua utawa mituwa neng wilayah bumi perkemahan miniwana akhire kabeh siswa sing maune kerasukan siji poro siji anyak eling lan siuman.
Mangkana kisah cerito memedi kuntilanak abang mekewuhi rombongan pramuka sing bisa awake dhewe jupuk piwulang supaya sopan santun.



Misteri Gunung Bromo
Jaman bien nalika Dewa-Dewa esih seneng mudun marang dunia saka kayangan, nalika kui kerajaan Majapait lagi kena serangan saka daerah-daerah. Wargane pada bingung golet panggonan kanggo ngungsi, pada wae karo para Dewa. Wektu kui Dewa mulai lunga marang sawijining panggonan, nang sekitare Gunung Bromo.
Gunung Bromo esih tenang, ngadek dislimuti kabut putih. Dewa-dewa sing teka marang panggonan kui ing sekitare Gunung Bromo, semayam ing lereng Gunung Pananjakan. ing panggona kui bisa weruh Srengenge munggah seka wetan lan Srengenge sirep seka kulon. Sekitare Gunung Pananjakan, panggonan Dewa-Dewa semayam, ana uga panggona kanggo pertapa. Pertapa kui mau saben dina pahalane megur muja lan ngening cipta. Sawijine dina sing mbahagiakake, bojo kui lairake anak lanang. Raine ganteng, cahyane terang. Mertandakake anak sing lair saka titisane jiwa sing suci. Wiwit lair anak kui keton sehat lan kuat sing luar biasa. Wiwit lair, anak Pertapa kui wis bisa ngetokake suara seru. Gegeman tangane seret banget, tendangan sikile uga kuat. Ora kaya anak lia umume, bayi kui diarani Joko Seger, sing artine sing sehat lan kuat.
Ing panggonan lia sekitare Gunung Pananjakan, wektu kui ana anak wadon lair saka titisan Dewa. Raine ayu lan elok. Siji-sijine anak sing paling ayu dewek ing panggonan kui. Wiwit dilairake, udu umume bayi lair, meneng ora nangis wektu dilairake seka rahim beyunge. Merga kui, wongtuane ngarani bayi iku Rara Anteng.
Rara Anteng sengsaya dina sengsaya dadi anak remaja sing ayu. Garis-garis ayune metu jelas saka raine. Rara Anteng terkenal tekan daerah-daerah. Akeh putera raja pada nglamar Rara Anteng, nanging ditolak, amarga Rara Anteng wis kepincut karo Joko seger. Sawijining dina Rara anteng dilamar Bajak sing sekti lan kuat. bajak kui terkenal jahat banget. Rara Anteng terkenal alus atine ora wani nolak pelamar sekti kui. Merga kui Rara anteng njaluk supaya di gawekna segara ing tengah-tengahing gunung. Dikira penjalukan sing aneh supaya pelamar sekti mau ora bisa nyanggupi. Segara kui mau kudu di gawe ing sewengi, yaiku diwiwiti srengenge sirep tekane srengenge munggah. Disanggupi penjalukan Rara Anteng kui.
Bajak sekti mau mulai gawe segara nganggo batok saka krambil lan meh rampung. Weruh kenyataan sing kaya kui, atine Rara Anteng gelisah ora tenang. Kepriwe carane gagalaken lautan sing agi di gawe Bajak kui? Rara Anteng mikir nasibe, Rara Anteng ora bisa urip karo wong sing ora disenengi. Banjur Rara Anteng golet cara supaya bisa gagalaken usahane Bajak mau. Banjur Rara bisa nemu cara yaiku nutu pari ing tengah wengi. alon-alon suara alu nangekake jago sing pada turu. Kluruk jago saut-sautan, kaya fajar wis metu, nanging wargane durung nglakoni kegiatan esuk. Bajak rungu jago kluruk, nanging benang putih saka wetan urung metu. Berati fajar teka urung wektune. Mikir nasib siale, banjur batok sing dinggo kanggo gawe lautan mau di buang, gigal tengkurep nang jejere Gunung Bromo lan malih dadi gunung diarani gunung Batok.
Gagale Bajak gawe laut ing tengah-tengah gunung Bromo, ati Rara Anteng seneng banget. Rara Anteng nerusake hubungane karo Joko seger. Banjur Rara Anteng lan Joko Seger dadi pasangan sing bagya,amarga lorone pada senenge. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger gawe panggonan lan mimpin ing kawasan Tengger utawa Purbawasesa Mangkurat Ing Tengger, sing aweh pengerti "Panguasane

Tengger sing Budiman". Aran Tengger di jimot saka akhire suku kata aran Rara Anteng lan Joko Seger. Tengger uga nduweni makna Tenggering Budi Luhur utawa menehi ngerti babagan moral sing duwur, simbul ketenangan sing abadi. Saka wektu meng wektu warga Tengger urip makmur lan dame, nanging panguasa ora ngrasa bagya. amarga wis suwe mbina umah tangga urung nduweni momongan. Banjur nduweni keputusan munggah meng pusuke gunung Bromo kanggo semedi nggudi percaya karo sing Kuasa supaya diwei momongan.
Ijig-ijig ana suara gaib sing ngomong semedine arep dikabulaken nanging kanggo syarat wis olih momongan, anak sing bungsu kudu dikorbanaken meng kawah gunung Bromo. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger nyanggupi banjur olih momongan 25 anak
lanang wadon, nanging naluri wong tua tetep ora tega enggane kelangan anakae. Carane Rara anteng lan Joko Seger ngingkari janjine, Dewa murka lan ngancem arep gawe malapetaka, banjur langit dadi peteng kawah gunung Bromo nyemburake geni.
Kesuma anak bungsune ilang nang geni lan mlebu meng kawah Bromo, banjur ana suara gaib :"Sedulur-sedulurku sing aku tresnani, aku wis dikorbanaken meng wong tuane dewek lan Hyang Widi nyelametake koe pada. Urip sing dame lan tentrem,
sembahen Hyang Widi. Aku elingaken supayane aben wulan Kasada ing dina ke-14 nganakake sesajen kanggo Hyang Widi ing kawah Bromo.
Upacara rutin kui dilakoni turun temurun marang warga Tengger lan aben taune dianakake upacara Kasada ing Poten lautan pasir lan kawah gunung Bromo.